Sabtu, 30 September 2017

Tembang Dolanan

Mbok Uwi

Mbok uwi rujak nanas
Kampul-kampul aneng gelas
Ya bapak ya ndara
Adhem panas rasane
Wong ngombe upas, uas
Mas sinangkling suwasana intem berliyan
Kil kil, kil methakil
Cagak awak jare sikil


Orong Bangkong

Orong-orong bangkong
Wonge yuna yuni
Niat padha rukun
Keong mencok jambe
Beo lagi ngendhog
Endhoge sanga likur
Ana prawan wedhak pupur
Jakane maju mundur


Simpang Lima Semarang

Simpang lima ria lapangan pancasila
Semarang ngumandhang pranyata serba guna
Swasana rame rakyat gedhe atine
Ing jawa tengah kabeh padha hambangun
Jroning kutha tekan desa ngadesa
Sabendina minulya
Simpang lima piguna
Upacara keperluan umum
Sibmpang lima ria ing kutha, semarang.

Kamis, 28 September 2017

Pengalaman

Lomba 17-an
Rikala wulan Agustus wingi, ing Desaku ana adicara mengeti kamardikan Indonesia. Adicara kui disengkuyung para pemudha pemudhi ing Desa kana, salah sijine aku. Adicarane lomba-lomba lan pentas seni. Lomba sing dianakake kaya lomba mangan krupuk, lari karung, lari kelereng, panjat debog, lan liya-liyane. Pentas senine yaiku jathilan. Penari jathilan ana sing bocah, bapak-bapak, lan ibu-ibu. Ngomongke lomba meneh, lomba paling gayeng yaiku lomba panjat debog, amarga debog mau di curi oli lan lengo, dadi sapa wae sing menek, padha kepleset-pleset lan gluput, saben ana sing keplorot mesthi langsung gerrrrrrr ngguyu kabeh.
Hadiah sing ana ing puncak debog awujud amplop, dadi sapa sing isa tekan ndhuwur njukuk salah sijine amplop mengko medhun banjur nang ngisor di ijolake entuk hadiah nomer piro. Kui padha munggah genten-gentenan supaya adhil. Lomba panjat debog kuwi mau bapakku melu, nalika bapakku isa tekan ndhuwur banjur njukuk amplop, tekan ngisor dibukak jebul entuk pakan sak until, hayooooo bejane bapakku, pancen ora ngarit kepingin melu lomba, eeeeeee beja entuk pakan. Hadiahe ora kanggo dhewe nanging kanggo wedhus.

Rabu, 20 September 2017

Resensi Serat

Serat Pakeliran Sadalu Natas "Lampahan Kangsa Adu Jago"

1. Identitas Buku
Irah-irahan : Serat Pakeliran Sadalu Natas Lampahan Kangsa Adu jago
Penganggit : Ki Purwadi
Kacithak Dening : CV. Cendrawasih
Kacithak Wonten : Sukoharjo
Kacithak Warsa : 2005
Cacahing Lembar : 124 Lembar
2. Ringkesan Buku
Buku kanthi irah-irahan Serat Pakeliran Sadalu Natas Lampahan Kangsa Adu Jago menika nyariyosaken babagan rebutan kekuwaosan ing kraton Mandura. Kraton menika dipunpimpin dening Prabu Basudewa minangka rama kandung saking Raden Kokrosono (Prabu Baladewa), Noroyono (Krisna), lan Roro Ireng (Dewi Sembadra).
Wonten putra setunggal malih inggih menika Kangsa.
Guruwangsa inggih menika raja saking kraton Guwabarong/Sangkapura, raja menika tresna kaliyan Dewi Maerah (istri Prabu Basudewa). Wonten sawijining dina, kraton Mandura dipun tilar dening rajanipun lan dipunpasrahaken dhumateng Haryo Prabu.
Kalodhangan menika dipunginaaken dening Guruwangsa, supados saged mlebet ing kerajaan menika, Guruwangsa ngewahi pasuryanipun dados Prabu Basudewa. Para prajurit lan Haryo Prabu menika boten mangertos menawi ingkang mlebet menika sanes Prabu Basudewa.
Akhiripun , Guruwangsa konangan Prabu Basudewa nalika sampun kundur. Saklajengipun sampun boten wonten malih sambung tresna antawisipun Prabu Basudewa kaliyan Dewi Maerah.
Dewi Maerah menika ngandhut lan dipuntundhung saking Mandura, lajeng dipuntampi dening Suratimontro adhik saking Guruwangsa ing kraton Guwabarong, wonten mriki Kangsa lair lan Dewi Maerah seda nalika nglairaken Kangsa. Wonten mriki ugi Kangsa dipungedhekaken lan dipunajani Suratimontro supados benjang saged dados Raja ing Mandura.
Putranipun Basudewa  saking Dewi Rohini inggih menika Kokrosono, lan saking Dewi Badraini wonten Noroyono kaliyan Roro Ireng. Noroyono kaliyan Roro Ireng menika kembar. Wiwit alit, sedaya Putranipun dipuntitipaken dhumateng Demang Antiyogopa ing pertapam Widorokandang.
Awit saking piwucalan ing pertapan menika, sedaya putra Prabu Basudewa saged dados putra ingkang sae.
Nalika Kangsa sampun dewasa, piyambakipun dhateng wonten Mandura lan kedadosan nundhung Basudewa saking Mandura, kirang puas nundhung Basudewa, saklajengipun Kangsa gadhah pepinginan ngresiki keturunan Basudewa sakwetawis putranipun boten wonten ing Mandura. Supados Kangsa boten susah anggenipun madosi, piyambakipun pirembagan kaliyan Basudewa lan matur bilih sejatosipun Kangsa nggadhai hak dadaos raja ing Mandura. Kanthi pirembagan menika, kasilipun badhe dipun wontenaken adu jago, menawi Prabu Basudewa saged menang piyambakipun saged nglenggahi kalenggahanipun malih, ingkang diadu menika sanes pitik ananging adu tiyang ingkang saged tandhing.
Dados, Prabu Basudewa ngutus Ugrasena inggih menika seduluripun piyambak kangge pados jago kagem Basudewa. Wonten ing tengah mergi, Ugroseno ketemu kaliyan keponakanipun inggih menika Bima, Bima menika Putra saking Dewi Kunti adhik saking Basudewa. Bima boten kawratan dados jagonipun amargi wonten kekarepan sanes kangge madosi Arjuna ingkang sampun dangu kesah, piyambakipun nyuwun tulung supados dipunbiyantu.
Wonten wekdal ingkang sampun dipuntemtokaken ,Kangsa ugi mbekta jago inggih menika Suratrimontro. Kangsa gadhah manah, wonten sakiwo tengenipun papan kangge tandhing dipunsiyapaken sendang panguripan supados menawi suratrimontro menika gugur, jisimipun  saged dipunlebetakken ing sendang menika supados urip malih.
Pertandingan dipun wiwiti, kalih-kalihipun sami-sami kiyat, sejatosipun Bima nggadhahi senjata Kuku Pancanaka ingkang saged mateni Suratrimontro, ananging Sumantrimontro saged urip malih amargi dipunlebetaken sendang panguripan.
Kokrosono mangertos menawi wonten tetandhingan menika wonten ingkang curang,  lajeng Kokrosono dhawuh dhumateng Arjuna supados nglebetaken senjatanipun Suratrimontro dhateng sendang panguripan, bibar menika awakipun Suratrimontro ajur.
Lajeng Kangsa ugi gugur kenging tumbak Kokrosono  ingkang nama Nenggala.
3. Kesaenan saha kekirangan Buku
Kesaenan Buku
Panyeratan Buku kanthi irah-irahan Serat Pakeliran Sadalu Natas Lampahan Kangsa Adu Jago menika langkung gregret amargi wonten variasi gambar ing lebetipun lan wonten selingan tembang. Kejawi menika basanipun langkung gampil dipunmangertosi.
Kekirangan Buku
Sampul saking buku menika kirang menarik pamaos kangge maos.

Minggu, 17 September 2017

Dolanan Tradhisional

Dhelikan
Dhelikan yaiku dolanan bocah kanthi cara bocah-bocah kang melu padha ndelik ing sakiwa tengen papan dolanan, banjur bocah siji kudu nggoleki. Dolanan iki bisane dilakokake dening wong 2 utawa luwih. Bocah kang kebagean jaga kudu merem lan ngetung angka kang wis dikukuhake sadurunge, sawetara bocah-bocah liyane padha mlayu ndhelik. Nalika ngetunge wis rampung, bocah kang jaga banjur kudu nggoleki.
Kanggo nemtokake sapa sing jaga, biasane nganggo cara pingsut utwa hompimpa. Bocah sing kalah kudu jaga.

Mupangat Dolanan Dhelikan :
Nglatih bocah supaya bisa ngetung.
Ngembangna motorik kasar lan bisa nggawe sehat amarga mlayu sing ana ing dolanan iki.
Nglatih pangeling-eling bocah ngenani carane dolanan.
Nglatih kesabaran lan sportivitas bocah.
Nggawe bocah luwih tlaten, amarga kudu nemokake bocah sing isih padha ndhelik.

Jumat, 15 September 2017

Wisåtå Kêdhung Pêdhut ing Kulon Progo

Wisåtå Kêdhung Pêdhut ing Kulon Progo

Kulå badhe nyariyosakên salah satunggaling wisåtå wontên Kulon Progo inggih mênikå wisåtå toyå kêdhung pêdhut ingkang awujud grojogan lan kêdhung.

Kêdhung Pêdhut mapan wontên Dhusun Kêmbang, Désa Jatimulyo, Kêcamatan Girimulyo, Kabupatèn Kulon Progo. Wisåtå Kêdhung Pêdhut dipun kelola déning pårå mudhå Déså Kêmbang, mliginipun ingkang dèrèng gadhah pagawean. Mênawi pårå wisatawan badhe mlêbêt wisata mênika kêdah mbayar Rp.7.000 kaliyan parkir Rp.2.000. Wiwit papan parkir dumugi grojoganipun bêtahakên wêkdal 15 mênit. Nalika prèèn, wisatawan ingkang dhatêng mriku langkung kathah. Wontên Kêdhung Pêdhut botên namung grojogan, ananging wontên kêdhung ingkang sagêd dipun ginakakên kangge nglangi, samêktå ugi papan kangge flyingfox, lan kathah papan kangge kèndêl menawi sayah anggènipun mlampah. Wontên mêrgi sampun kathah warung ingkang nyamêktaakên dhaharan kaliyan unjukan khas Kulon Progo. Dhaharan ingkang kondhang inggih menikå gêblèg sêngèk kaliyan dhawêt sambêl.

Rabu, 13 September 2017

Resensi Serat 1

Resensi Serat Trunajaya 1

Identitas Buku
Irah-irahan : Serat Trunajaya 1
Penganggit : B.P. Hadisurya
Kacithak Dening : Proyek Penerbitan Buku Sastra Indonesia dan Daerah
Kacithak Wonten : Jakarta
Kacithak Warsa : 1987
Cacahing Kaca  : 200 Kaca
Ringkesan Buku
Buku kanthi irah-irahan Serat Trunajaya 1 nyariyosaken babagan Pangeran Mandurareja mungsuh Kumpeni awit dhawuh saking Kanjeng Sultan Agung. Kanthi kedadosan menika, kathah prajurit ingkang gugur. Walandi bingung amargi Kapten Hendrup kaliyan litnan saha loper ical wonten segara. Panembahan Purubaya dumugi segara ngginakaken baita saking tegalarum. 3 baita Walandi ngadhang lan nyenjatani ngginakaken meriam. Prajurit saking kidul ingkang dipunpangagengi dening Tumenggung Baureksa awiti nempuh. saksampunipun mimis Walandi telas, Walandi ngginakaken toya toyan ugi regedan tiyang kangge nempuh prajurit Jawi.
Pangeran Parubaya ing Mataram matur dhumateng Sultan, menawi sampun damel ajrih Walandi. Ananging Baureksa kenging meriam mawi pangeran Mandura mundur mboten kadadosan amargi mimis tai.
Walandi bingah ningali prajurit Mataram dipungeret mundur. Saklajengipun Sultan dhawuh dhumateng Adipati Silarong kangge nempuh Belambangan. Sultan narosaken tiyang-tiyang ingkang nggebag Belambangan. Sultan kepanggih kaliyan Ratu Kidul. Rara Kidul paring pangertosan menawi yuswanipun Sultan menika 2 tahun malih. Sultan ngujaraken dhateng Rara Kidul konjuk nyukakaken setunggal dhuwung saksampunipun piyambakipun seda. 2 tahun saklajengipun Sultan tempuh sakit. Piyambakipun dhawuh dhumateng Tumenggung Wiraguna supados mbucal dhuwungipun dhateng segara.
Sultan menika ngendika supados putranipun ingkang sepuh, Ki Arya Mataram, gumantos piyambakipun. Ki pasisingan matur dhumateng Pangeran Arya, adhi Sunan, supados tedha kalenggahan dhateng kakangipun. Pangeran Arya mboten kersa.
Sunan ndhawuhi supados prajurit mboten mengsah Pangeran Arya  ngginakaken senjata, kajawi dipun kepang. Matemah Pangeran Arya seda lan dipunsarekaken ing Imogiri. Wiraguna kaliyan Danupaya ngengkenaken konjuk nglajengaken perang mengsah Bali. Sakwetawis punika Wiraguna ingkang mangajengi para prajurit rekaos sakit.
Dumugi Kediri kawontenan Wiraguna malah tambah parah. Piyambakipun lajeng seda. Sunan ngendika, menawi Mataram menika badhe pungkasan saksampunipun Sunan seda. Keraton badhe pindhah dhateng Surakarta.
Ratu dhawuh dhumateng mantri ingkang asma Wangsatruna lan Yudakarti, kajengipun pados tiyang estri ingkang purun dados calon permaisuri.
Sunan caos panyaruwe supados putranipun enggal kawin lan nunjuk putri Cirebon dados calonipun. Pangeran mboten gathuk, amargi putri kasebat kendhel sanget. Pangeran sakit, lajeng Pangeran Pekik kesah dhateng panggenanipun Wirareja.
Wirareja dipunsuwun supados ngabritaken anak kenyo Ki Mangunjaya, konjuk dipunkawinaken kaliyan putunipun. Warta menika murugaken Sunan murka sanget.
Kawontenan ing Mataram resah. Mukawis wanci Pangeran nyuwun Pangeran Kajoran rawuh dhateng Mataram. Rajaputra sarujuk panyaruwenipun Pangeran Kajoran lan nimbali Trunajaya, Pangeran Trunajaya ngleraken pangangkah Rajaputra, konjuk ndadosaken Trunajaya dados tameng. Trunajaya sagah ugi sarujuk.

Kalangkungan saha kekirangan Buku
Kalangkungan Buku
Panyeratan Buku kanthi irah-irahan Serat Trunajaya 1 menika langkung gampil dipun mangertosi amargi dipunminggah panema basa Indonesia dados pamertela.
Kekirangan Buku
Amargi buku menika sampun dangu, dados wonten halaman ingkang sampun risak.