Serat Pakeliran Sadalu Natas "Lampahan Kangsa Adu Jago"
1. Identitas Buku
Irah-irahan : Serat Pakeliran Sadalu Natas Lampahan Kangsa Adu jago
Penganggit : Ki Purwadi
Kacithak Dening : CV. Cendrawasih
Kacithak Wonten : Sukoharjo
Kacithak Warsa : 2005
Cacahing Lembar : 124 Lembar
2. Ringkesan Buku
Buku kanthi irah-irahan Serat Pakeliran Sadalu Natas Lampahan Kangsa Adu Jago menika nyariyosaken babagan rebutan kekuwaosan ing kraton Mandura. Kraton menika dipunpimpin dening Prabu Basudewa minangka rama kandung saking Raden Kokrosono (Prabu Baladewa), Noroyono (Krisna), lan Roro Ireng (Dewi Sembadra).
Wonten putra setunggal malih inggih menika Kangsa.
Guruwangsa inggih menika raja saking kraton Guwabarong/Sangkapura, raja menika tresna kaliyan Dewi Maerah (istri Prabu Basudewa). Wonten sawijining dina, kraton Mandura dipun tilar dening rajanipun lan dipunpasrahaken dhumateng Haryo Prabu.
Kalodhangan menika dipunginaaken dening Guruwangsa, supados saged mlebet ing kerajaan menika, Guruwangsa ngewahi pasuryanipun dados Prabu Basudewa. Para prajurit lan Haryo Prabu menika boten mangertos menawi ingkang mlebet menika sanes Prabu Basudewa.
Akhiripun , Guruwangsa konangan Prabu Basudewa nalika sampun kundur. Saklajengipun sampun boten wonten malih sambung tresna antawisipun Prabu Basudewa kaliyan Dewi Maerah.
Dewi Maerah menika ngandhut lan dipuntundhung saking Mandura, lajeng dipuntampi dening Suratimontro adhik saking Guruwangsa ing kraton Guwabarong, wonten mriki Kangsa lair lan Dewi Maerah seda nalika nglairaken Kangsa. Wonten mriki ugi Kangsa dipungedhekaken lan dipunajani Suratimontro supados benjang saged dados Raja ing Mandura.
Putranipun Basudewa saking Dewi Rohini inggih menika Kokrosono, lan saking Dewi Badraini wonten Noroyono kaliyan Roro Ireng. Noroyono kaliyan Roro Ireng menika kembar. Wiwit alit, sedaya Putranipun dipuntitipaken dhumateng Demang Antiyogopa ing pertapam Widorokandang.
Awit saking piwucalan ing pertapan menika, sedaya putra Prabu Basudewa saged dados putra ingkang sae.
Nalika Kangsa sampun dewasa, piyambakipun dhateng wonten Mandura lan kedadosan nundhung Basudewa saking Mandura, kirang puas nundhung Basudewa, saklajengipun Kangsa gadhah pepinginan ngresiki keturunan Basudewa sakwetawis putranipun boten wonten ing Mandura. Supados Kangsa boten susah anggenipun madosi, piyambakipun pirembagan kaliyan Basudewa lan matur bilih sejatosipun Kangsa nggadhai hak dadaos raja ing Mandura. Kanthi pirembagan menika, kasilipun badhe dipun wontenaken adu jago, menawi Prabu Basudewa saged menang piyambakipun saged nglenggahi kalenggahanipun malih, ingkang diadu menika sanes pitik ananging adu tiyang ingkang saged tandhing.
Dados, Prabu Basudewa ngutus Ugrasena inggih menika seduluripun piyambak kangge pados jago kagem Basudewa. Wonten ing tengah mergi, Ugroseno ketemu kaliyan keponakanipun inggih menika Bima, Bima menika Putra saking Dewi Kunti adhik saking Basudewa. Bima boten kawratan dados jagonipun amargi wonten kekarepan sanes kangge madosi Arjuna ingkang sampun dangu kesah, piyambakipun nyuwun tulung supados dipunbiyantu.
Wonten wekdal ingkang sampun dipuntemtokaken ,Kangsa ugi mbekta jago inggih menika Suratrimontro. Kangsa gadhah manah, wonten sakiwo tengenipun papan kangge tandhing dipunsiyapaken sendang panguripan supados menawi suratrimontro menika gugur, jisimipun saged dipunlebetakken ing sendang menika supados urip malih.
Pertandingan dipun wiwiti, kalih-kalihipun sami-sami kiyat, sejatosipun Bima nggadhahi senjata Kuku Pancanaka ingkang saged mateni Suratrimontro, ananging Sumantrimontro saged urip malih amargi dipunlebetaken sendang panguripan.
Kokrosono mangertos menawi wonten tetandhingan menika wonten ingkang curang, lajeng Kokrosono dhawuh dhumateng Arjuna supados nglebetaken senjatanipun Suratrimontro dhateng sendang panguripan, bibar menika awakipun Suratrimontro ajur.
Lajeng Kangsa ugi gugur kenging tumbak Kokrosono ingkang nama Nenggala.
3. Kesaenan saha kekirangan Buku
Kesaenan Buku
Panyeratan Buku kanthi irah-irahan Serat Pakeliran Sadalu Natas Lampahan Kangsa Adu Jago menika langkung gregret amargi wonten variasi gambar ing lebetipun lan wonten selingan tembang. Kejawi menika basanipun langkung gampil dipunmangertosi.
Kekirangan Buku
Sampul saking buku menika kirang menarik pamaos kangge maos.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar