Lomba 17-an
Rikala wulan Agustus wingi, ing Desaku ana adicara mengeti kamardikan Indonesia tanggal 17 Agustus. Adicara kui disengkuyung para pemudha pemudhi ing Desa kana, salah sijine aku. Sakdurunge mangkat ana papan lomba kanggo persiapan, aku pamit marang Bapak lan Mamak.
"Mak, Pak pamit, pun diampiri Tika" pamitku marang Bapak lan Mamak
"ya ngati-ati" jawabe Mamak
"wis nduwe sangu hurung?, Mengko nek kepingin jajan" Bapak nambahi
"empun Pak" jawabku marang Bapak
Bapak ngendika meneh "ning mengko Bapak ya rana ding"
"weeehh, badhe napa Pak?" pitakonku marang Bapak
"ngrewangi reresik, wis kana gek ndang mangkat mesakke kancane kae le ngenteni" ngendikane Bapak karo ngguya-ngguyu.
Aku langsung metu nemoni Tika lan mangkat bareng-bareng, tekan kana wis akeh kanca-kanca sing nyicil persiapan
"kok mung wong 2 rum?" Yogi takon.
"lha arep karo sapa meneh?" Jawabku.
"biasane wong 3 ora pethal "Yogi njawab meneh.
"ooooo Fitri? Lha mau kok ora tok pethuk hahaha embuh nandi tak sms ora mbalesi , wis lah mengko rak nyusul rene, gek dirampungke anggonmu tata-tata kuwi" jawabku karo mlaku.
Sakwise kabeh wis siap, ketuane ngecek siji-siji persiapan sing kanggo lomba. Jebul ana siji sing kurang lan kuwi pokok banget, kabeh bingung piye carane supaya bisa cepet golek lan dipasang, nanging..
bersambung
Rabu, 25 Oktober 2017
Rabu, 11 Oktober 2017
Jenang Sumsum
Jenang Sumsum
Jenang sungsum inggih menika salah satunggaling dhedhaharan tradisional Jawa khas Surakarta.
Bahan-bahan paling wigati kanggé damel jenang sumsum utawi bubur sumsum inggih menika:
Bahan-bahan paling wigati kanggé damel jenang sumsum utawi bubur sumsum inggih menika:
1. Glepung beras 100 grams
2. Uyah sak cekapipun
3. Santen ingkang dipundamel saking 1 wutir klapa
4. Ron pandan dipundamel wujud simpul cacahipun tigang lembar
Déné bahan-bahan ingkang dipun-ginakaken kanggé damel duduh bubur sumsum inggih menika :
1. Gendis jawa 200 gramo
2. Ron pandan 2 lembar
3. Toya 100 ml
Langganan:
Komentar (Atom)
