Wataking manungsa miturut ciri andheng-andheng. Yen andheng-andheng dumunung ana :
1. Ing sirah tengen aran manikharda, akeh begjane lan kasembadan sabarang karepe. 2. Ing sirah iring kiwa, aran jemjem, ora nduweni kekencengen, kerep nemu rubeda. 3. Ing sirah mburi aran cantuka, sabar, kendel, temen lan santosa, ayeman sabarang gawe.
4. Ing embun-embunan, aran duyuti, dhemen goroh culika ngamandaka.
5. Ing uyeng-uyeng bener, aran pulungjati, pinter titi ngati-ati lan becik banget atine.
6. Ing bathuk kiwa utawa tengen aran werdatama, lantip pikire. Ing tengah-tengah bathuk, aran bercara, pinter lan micara, kendel sarta becik atine.
7. Ing pilingan kiwa utawa tengen, utawa karo-karone pisan, aran srituwuh, sugih rejekine lan sabarang kang katindakake akeh kauntungane.
8. Ing sandhuwure telapukan mata tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan aran gunasakti, limpat budine, bisa manjing ing ajur-ajer pangupajiwane sarwa gampang ora kekurangan.
9. Ing sangisoring telapikan mata tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan, aran punggung, bodho, kesed, puguh lan kangelan sandhang pangane.
10. Ing poking mata tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan aran tamengtuwuh, meneng anteng, yen guneman temen. Ing putihing mata tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan aran buta, brangasan, goroh lan umuk.
11. Ing suluhan njero mripat tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan aran sripadu, lilan, temen, pinter lan andhapasor.
12. Ing alis tengen, aran kajen, becik atine lan seneng tutulung. Ing alis kiwa, aaran jatmika, ditresnani wong akeh, sarta yen wis jojodhoan akeh begjane lan slamet.
13. Ing pipi tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan serta cedhak mata, aran srigati, dhemen sasanakan lan dhemen weweh, yen katekan dhayoh pradhah akeh sasungguhane.
14. Ing tengah-yengahing pipi kiwa utawa tengen, utawa karo-karone pisan, aran tujusih, ditresnani wong akeh lan kerep ditekani wong omahe.
15. Ing tengah-tengahing gligir irung, aran turunsih, yen wis duwe bojo ditresnani wong lan akeh begjane.
16. Ing irung saenggon-enggon, aran pulungsih, ditresanani wong lan akeh begjane, karepe akeh keturunan. Ing lekikan ngisor irung, aran palguna, limpad wicarane, sregep ing gawe, nanging sring kangelan rejekine.
17. Ing lambe ndhuwur aran gunasanti, pinter lan gampang sandhang pangane. Ing lambe ngisor, aran lumer, becik atine disuyudi wong.
18. Ing kuping tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan, aran srikurda, panasbaran gampang nepsune.
19. Ing poking cangkem tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan, aran nylarem, pinter micara, nanging angel sandhang pangane.
20. Ing janggut saenggon-enggone, aran ciptakukila dhemen lan pinter micara. Nanging sok kaladuk.
21. Ing gulu saenggon-enggone, aran sridaya, pinter lan mulur atine.
22. Ing githok saenggon-enggone aran punggel, bodho lan cekak atine.
23. Ing pundhak tengen aran dayakarsa santosa kakarepane, apa kang arep katindhakake disumurupi dhisik. Ing pundhak kiwa aran dayalena, tanpa duwe kekencengan.
24. Ing dhadha tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan aran tunggulrana, santosa, kendel wani ing pakewuh bisa ngentasi gawe.
25. Ing susu kiwa utawa tengen, utawa karo-karone pisan, aran sriasih, didhemeni wong.
26. Ing sandhuwure pulung ati, aran rena ber budi lan apa karepe bisa kasembadan.
27. Ing geger tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan, aran reksamulya bisa nympen wadi.
28. Ing wudel aran manuhara, becik kelakuane tansah nemu seneng.
29. Ing bangkekan tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan, aran kapita temen lan kenceng karepe.
30. Ing tepak tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan aran budiama, pinter lan akeh pituture.
31. Ing ula-ula, aran mruwat, bisa gedhe drajade lan diluluti wong akeh.
32. Ing lengen tengen utawa kiwa, utawa sakaro-karone pisan, utawa ing poking sikut tengen utawa kiwa, utawa sakaro-karone pisan, aran reksamuka, santosa mantep sabarang gawe.
33. Ing epek-epek tengen utawa kiwa, utawa sekaro-karone pisan aran rejakeleng, kuwat badane, yen tangan mau kanggo nabok sok niwasi.
34. Ing gegering epek-epek tengen utawa kiwa, utawa sakaro-karone pisan, aran ragam, bisa nyimpen banda.
35. Ing sikut kiwa utawa tengen, utawa sakaro-karone pisan, aran gutama, ditresnani wong akeh lan dhemen gawe kabecikan.
36. Ing lengkongan sikut tengen utawa kiwa, utawa sakaro-karone pisan, aran purusa, santosa sedyane.
37. Ing cangklakan tangan tengen utawa kiwa, utawa sakaro-karone pisan, aran tutup, bisa simpen wadi.
38. Ing driji tangan tengen utawa kiwa, utawa sakaro-karone pisan, aran unggul, apa kang katindhakake dadi begjane.
39. Ing ugel-ugel tangan tengen utawa kiwa, utawa sakaro-karone pisan aran brasta, boros tanpa duduga.
40. Ing bokong sisih kiwa utawa tengen, utawa sakaro-karone pisan, aran basu, kangelan golek sandhang pangan, mlarat.
41. Ing poking walakang tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan, aran bimalaku, sarwa rikat cukat panggawene, santoso karepe, nemu kabegjan.
42. Ing perji (kemaluan), aran gatukbrama, akeh begjane.
43. Ing kempol (kentol) tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan, aran sitaresmi, terang engetane. Ing bener balunge kempol tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan, aran wregeng, boros tanpa duduga.
44. Ing ugel-ugel sikil tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan aran pasren, dhemen ngenganggo sarwa becik, lan kuwat mlaku adoh.
45. Ing sikil tengen utawa kiwa, utawa karo-karpne pisan, aran amartani, kabegjane tetanen. Ing tungkak sikil kiwa utawa tengen, utawa karo-karone pisan aran juti, goroh dhemen ngapusi.
46. Ing tlapakan (dlamakan) sikil tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan, aran weca, dhemen laku becik lan suci atine.
47. Ing darijining sikil utawa kiwa, utawa sakaro-karone pisan, aran werdiguna, tansah nindakake kebecikan.
Ing dhengkul tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan aran ancala, narima kuat nandhang kasusahan lan kuat lumaku adoh.
48. Ing lekikaning dhengkul tengen utawa kiwa, utawa karo-karone pisan, kurang tetep atine.
Selasa, 01 Januari 2019
Ringgit Purwa
Pangertosan Ringgit
Ringgit punika pagelaran ngginakaken bonekah ingkang katon endah ing wewayanganipun lan dipunlampahaken dening dhalang kanthi iringan gamelan dening wiyaga, lajeng wonten tembang ingkang dipuntembagaken dening Sindhen. Dalang medharaken cariyos ringgit purwa wonten ing kelir, layar werni pethak. wonten sangajegipun kelir dipunpasang blencong, supados ringgit kala wau saged katon wewayanganipun. Ringgit purwa awujud 2 dhimensi, dipundamel saking kulit (walulang), biyasanipun ngginakaken kulit sapi utawi menda.
Ing pagelaran ringgit punika ringgit dipuntancepaken ing debog (wit gedhang) wonten sisih tengen lan kiwanipun dhalang. Ing tengah, cariyosipun dipungelar. Sedinten sedalu cariyos menika dipunwedharaken. Ringgit menika mboten namung sumebar ing tanah Jawa kemawon, nanging ugi sumebar wonten ing tlatah Nuswantara.
Cariyos ingkang dipunlampahaken dipunpendhet saking epos Mahabharata lan Ramayana ingkang sinebat ringgit purwa. Miturut para ahli, isltilah purwa menika dipunpendhet saking tembung parwa ingkang nggadhahi teges bagian saking cariyos Ramayana lan Mabharata. Wonten masarakat Jawa, mliginipun tiyang-tiyang sepuh tembung purwa nggadhahi teges purba (zaman dulu).
Piranti ingkang dipunginakaken kangge pagelaran ringgit purwa
1. Ringgit
Ringgit menika bonekah ingkang dipundamel saking walulang lan dipunlampahaken dening dhalang.
2. Pethi
Pethi menika papan kangge nyimpen ringgit, wujudipun kothak lan dipundamel saking kajeng. Kothak menika ugi dipunginakaken dening dhalang kangge dhodhogan saperlu paring tandha kaliyan pengiring saha swasana cariyos.
3. Keprak
Keprak inggih menika lempengan wesi utawi prunggu ingkang dipunsamektakaken wonten ing kothak ringgit lan dipunswantenaken dening dhalang.
4. Cempala
Cempala inggih menika piranti kangge nyuwantenaken keprak ingkang dipunjepit wonten ing jempol sukunipun dhalang, bahanipun wesi, menawi ingkang dipuncepeng wonten ing asta menika bahanipun kajeng.
5. Kelir
Kelir inggih menika kain pethak lan wonten lisipun warni cemeng utawi abrit kangge nglampahaken cariyos ringgit.
6. Debog
Debog inggih menika watang gedhang ingkang dipuntata wonten ing gawangan kelir ngandhap kangge nancepaken ringgit.
7. Blencong
Blencong inggih menika lampu kangge nyorot gawang kelir. Jaman rumiyin lampu menika dipundamel saking tembaga.
8. Simpingan
Simpingan inggih menika ringgit ingkang dipuntata wonten ing sakiwa tengenipun gawang kelir.
9. Gamelan
Gamelan inggih menika iringan ingkang gadhah laras pelog lan slendro ingkang dipuntabuh wiyaga nalika pagelaran wayang.

Langganan:
Komentar (Atom)