Selasa, 01 Januari 2019

Ringgit Purwa

Pangertosan Ringgit

Ringgit punika pagelaran ngginakaken bonekah ingkang katon endah ing wewayanganipun lan dipunlampahaken dening dhalang kanthi iringan gamelan dening wiyaga, lajeng wonten tembang ingkang dipuntembagaken dening Sindhen. Dalang medharaken cariyos ringgit purwa wonten ing kelir, layar werni pethak. wonten sangajegipun kelir dipunpasang blencong, supados ringgit kala wau saged katon wewayanganipun. Ringgit purwa awujud 2 dhimensi, dipundamel saking kulit (walulang), biyasanipun ngginakaken kulit sapi utawi menda.
Ing pagelaran ringgit punika ringgit dipuntancepaken ing debog (wit gedhang) wonten sisih tengen lan kiwanipun dhalang. Ing tengah, cariyosipun dipungelar. Sedinten sedalu cariyos menika dipunwedharaken. Ringgit menika mboten namung sumebar ing tanah Jawa kemawon, nanging ugi sumebar wonten ing tlatah Nuswantara.
Cariyos ingkang dipunlampahaken dipunpendhet saking epos Mahabharata lan Ramayana ingkang sinebat ringgit purwa. Miturut para ahli, isltilah purwa menika dipunpendhet saking tembung parwa ingkang nggadhahi teges bagian saking cariyos Ramayana lan Mabharata. Wonten masarakat Jawa, mliginipun tiyang-tiyang sepuh tembung purwa nggadhahi teges purba (zaman dulu).

Piranti ingkang dipunginakaken kangge pagelaran ringgit purwa
1. Ringgit
Ringgit menika bonekah ingkang dipundamel saking walulang lan dipunlampahaken dening dhalang.
2. Pethi
Pethi menika papan kangge nyimpen ringgit, wujudipun kothak lan dipundamel saking kajeng. Kothak menika ugi dipunginakaken dening dhalang kangge dhodhogan saperlu paring tandha kaliyan pengiring saha swasana cariyos.
3. Keprak
Keprak inggih menika lempengan wesi utawi prunggu ingkang dipunsamektakaken wonten ing kothak ringgit lan dipunswantenaken dening dhalang.
4. Cempala
Cempala inggih menika piranti kangge nyuwantenaken keprak ingkang dipunjepit wonten ing jempol sukunipun dhalang, bahanipun wesi, menawi ingkang dipuncepeng wonten ing asta menika bahanipun kajeng.
5. Kelir
Kelir inggih menika kain pethak lan wonten lisipun warni cemeng utawi abrit kangge nglampahaken cariyos ringgit.
6. Debog
Debog inggih menika watang gedhang ingkang dipuntata wonten ing gawangan kelir ngandhap kangge nancepaken ringgit.
7. Blencong
Blencong inggih menika lampu kangge nyorot gawang kelir. Jaman rumiyin lampu menika dipundamel saking tembaga.
8. Simpingan
Simpingan inggih menika ringgit ingkang dipuntata wonten ing sakiwa tengenipun gawang kelir.
9. Gamelan
Gamelan inggih menika iringan ingkang gadhah laras pelog lan slendro ingkang dipuntabuh wiyaga nalika pagelaran wayang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar