Rabu, 01 November 2017

Essay Basa Jawa

Sistem Religi ing Masyarakat
Dening : Arum Migi Rohana
16205241045/PBD B 2016


Dhasaring Pirembagan
Religi inggih menika kapitadosan ingkang dipunpitaya masyarakat menawi manungsa boten saged pikantuk keslametan kejawi purun pitados  dhumateng Gusti.
Ing masyarakat Jawa kathah-kathahipun nganut Agama Islam, mbasi wonten Agama sanesipun inggih menika agama Nasrani, Budhis, lan Hindu. Namung boten sedaya ngelaksanakaken tata cara agamanipun. Tuladhanipun kathah masyarakat ingkang ngaku Islam, pitados kaliyan Gusti Allah SWT saha Nabi Muhammad SAW, ananging boten shalat. Kathah masyarakat Jawi ingkang pitados babagan urip menika sampun dipun temtokaken kaliyan Gusti Allah SWT, dados sedaya kedah narimo ing pandum.

Wohing Pirembagan
Masyarakat Jawi pitados menawi wonten kekiatan awujud kasekten ing barang-barang pusaka, kadosta : keris, gamelan, lan sapanunggalanipun. Kejawi menika ugi pitados kawontenan roh leluhur lan lelembut, kadosta memedi, tuyul, demit, saha jin ingkang nglenggahi papanipun manungsa. Miturut kapitadosanipun, roh leluhur menika saged paring kabagyan, paring kasuksesan, ketentreman, utawi keslametan. Namung wonten ugi roh leluhur ingkang paring kasangsaran.
Tiyang ingkang gadhah pepinginan urip boten dipunrusuhi menika kedah nindakaken menapa kemawon ingkang saged paring pengaruh dhumateng alam, kadosta : prihatin, siyam, boten dhahar dhaharan tartamtu, damel sajen, lan sapunanggalanipun. Slametan utawi damel sesajen menika kathah ingkang damel wonten wekdal-wekdal tartamtu.
Slametan ingkang katahah dipun tindakaken dening masyarakat ngandhut 7 bulan, lahiran, khitanan, tedhak siten, kaliyan saparan.
Ing Dusun Sokomoyo menika 1 tahun sepisan ngwontenaken bersih dusun (saparan), sedaya RT damel gunungan lan dipun arak mubeng dusun menika dipunbekta ngantos dumugi Joglo ingkang dipunpitados menika papan ingkang kramat. Menawi sedaya sampun dumugi ing Joglo menika, sesarengan dipundongani lan saksampunipun dipun rayah tiyang-tiyang ingkang wonten mriku.
Pangajab saking bersih dusun menika mugi-mugi sedaya lepat ingkang sampun katindakna 1 tahun saged mbalik resik malih, lan mugi-mugi Dusun menika saged langkung ayem, tentrem, lan rukun dhumateng tangga teparo. Menika ngendikanipun Bapak Tukimin minangka kepala Dusun. Saksampunipun kirab paripurna, dalunipun wonten pagelaran wayang kulit.
Kejawi wonten slametan kangge masyarakat, ugi wonten slametan kangge tiyang ingkang sampun seda, kadosta surtanah/geblak, nelung dina, mitung dina, matang puluh dina, nyatus, mendhak pindho, kaliyan nyewu.
Kejawi slametan, masyarakat jawi ugi gadhah kapitadosan nindakaken upacara sesajen, upacara menika gayut kaliyan papan-papan keramat. Sesajen meika awujud : kembang telon, menyan, dhuwit kricik, lan apem.
Ing Dusun Sokomoyo ugi wonten upacara sesajen ingkang dipuntindakaken nalika wulan Suro. Upacara menika awujud kirab ingkang pinuju wonten wit ringin ageng. Wonten mriku dipunparingi sesajen kaliyan mendhem ndhas wedhus 2. Saksampunipun mendhem ndhas wedhus menika, wonten pagelaran tari tledhek wonten sakngajengipun wit ringin. Saking upacara menika gadhah pangajab mugi-mugi masyarakat ing Desa mriku boten dipunganggu kaliyan ingkang njagi wit menika.

Dudutan Pirembagan
Kathah slametan ingkang taksih dipun tindakaken kaliyan masyarakat kadosta ngandhut 7 bulan, lahiran, khitanan, tedhak siten, kaliyan saparan. Kejawi wonten slametan kangge masyarakat, ugi wonten slametan kangge tiyang ingkang sampun seda, kadosta surtanah/geblak, nelung dina, mitung dina, matang puluh dina, nyatus, mendhak pindho, kaliyan nyewu.

Daftar Pustaka
www.nafiun.com
bloggagha.blogspot.com
kitaberduaitu.blogspot.com
staff.ui.ac.id
antropologi-sma1sltng.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar