Tegesipun ampun rumaos remen menawi dipunalem, ugi ampun rudatos menawi nyaged cacading tumindak. Tuladhanipun menawi wonten tiyang ndesa ingkang nembe dhateng kitha kathah-kathahipun dipuncacad pangangge basanipun, ananging ampun dados rutados amargi basa menika wonten maneka warna. Kathah tiyang Jawi ingkang saged mawas diri, murba diri, lan saged adil nalika angsal alembana saha ceda saking tiyang sanes.
2. Aja nggege mangsa
Aja nggege mangsa tegesipun ampun ngrumiyini wanci wosipun inggih menika pitedah kajengipun nalika menawi gadhah kekarepan, tiyang menika kedah saged sabar. Tuladhanipun wonten tiyang Jawi ingkang gadhah kekajengan, menika kedah usaha rumiyin ampun ngginaakaken cara ingkang curang. Sedaya ingkang dipuntindakaken manungsa sampun dipundhasari dening Gusti, manungsa asring sanget nggege mangsa. Dados manungsa kedah nggadhahi sipat samadya.
3. Cakra manggiling
Cakra manggiling inggih menika filosofi utawi kapitadosan muteripun roda pagesangan. Wujud cakra manggilingan menika ndamel seimbang. Menawi salah satunggaling bagian boten sami kaliyan sabenan, mila keseimbangan menika badhe ngrigoni. Tuladhanipun boten sedaya tiyang ingkang pinter menika pikantuk waos ingkang sae terus, lan boten sedaya tiyang ingkang bodho pikantok waos ingkang awon.
4. Ngono ya ngono, ning aja ngono
Tegesipun ngleresaken gesang supados saged ngetrepaken diri, saha saged "angon mongso", sedaya kedah saged disiplin wekdal. Ampun waton nyeplos ugi tumindak. Tuladhanipun kangge tiyang Jawi kedah nggadahi sipat anoraga, aja adigang-adigung-adiguna, lan aja dumeh. Aja mung golek wah, sing prasaja, Aja golek menange dhewe.
5. Giri lusi janma tan kinira
Tegesipun senajan boten deduwen ananging manungsa kados mekaten boten pareng dipunina (disepelekake, dianggep asor). Ngina sapadha-padhaning titah mujudaken patrap ingkang boten becik.
Unen-unen menika tujuwanipun paring pitutur, ampun ngantos ngaos manungsa saking babagan ingkang kasat mripat kemawon. Tuladhanipun dereng mesthi tiyang ingkang sugih menika medhit lan anggak, amargi wonten tiyang sugih ingkang remen tetulung dhateng sesami.
Bacin-bacin iwak, ala-ala sanak
Tegesipun mbasi awon, taksih sanak (keluarga). Senajan awon, menika taksih sedherek, menawi sengsara nggih boten mentala. Tuladhanipun menawi wonten sedherek ingkang nggadhahi sipat awon, kedahipun dipuncaosi pangertosan sipat ingkang langkung sae.
6. Sadumuk bathuk sanyari bumi ditoh pati
Tegesipun sadumuk bathuk menika kabektosan. Sak nyari menika ambaning driji. Bumi sampun pertela, tegesipun siti. Dados sanyari bumi tegesipun sejengkal tanah. siti ugi kabektosankangge tiyang Jawi ngrupikaken perkawis ingkang wigati. Tuladhanipun menawi wonten tiyang estri ingkang sampun krama lan dipun godha kaliyan tiyang kakung sanes, mesthinipun garwanipun mbela.
7. Emban cindhe emban siladan
Tegesipun setunggal digendhong ngangge slendhang, setunggal malih digendhong ngangge siladan pring. Tuladhanipun menawi wonten parkiran, kathah ingkang ngutamaaken mobil kangge mlebet utawi medal, ingkang namung ngangge montor mboten dipungatosaken.
8. Omong sing maton, aja mung waton ngomong
Tegesipun tiyang Jawi kedah saged empan papan. Kedah saged mangertos menapa ingkang dados pirembagan, wonten pundi pirembagan menika, lan kaliyan sinten angsalipun pirembagan .
Pirembagan kaliyan tiyang ingkang kedah dipunbektosi, kedah trep lan jumbuh kaliyan suba sita. Tanpa sedaya menika, tiyang sanes saged ngaos boten sopan utawiboten mangertos adat. Tuladhanipun ing masyarakat sakmenika wonten istilah asplak (asal njeplak) kaliyan asbun (asal bunyi). Unen-unen menika dipuntuju kangge tiyang ingkang ngendikan waton. Kaneman sakmenika kathah ingkang boten mbektosi marang tiyang sepuh, mboten mangertos tata krama lan suba sita.
9. Sangkan paraning dumadi
Tembung sangkan nggadhahi teges berasal, paran menika tujuan utawi destinasi, dumadi menika insiden. Dados sangkan paraning dumadi nggadhahi teges saking pundi asalipun manungsa lan wonten pundi manungsa badhe wangsul. Tuladhanipun sedaya tiyang ingkang gesang, mesthi bakal seda lan wangsul dhumateng Gusti ingkang Maha Agung.
10. Memayu hayuning bawana
Tegesipun sakjatosipun manungsa ndamel konjuk kawigaten sesaminipun mboten dipunsurung dening kekajenganipun piyambak. Mila, manungsa kedah nggadahi pandamel dhateng arah tentreming gesang. Tuladhanipun menawi dados pangarsa menapa kemawon kedah saged ngutamaaken kapentinganipun sesami.
11. Mikul dhuwur mendhem jero
Tegesipun tiyang sepuh menika kedah dipunjunjung jasa-jasanipun. Kalepatanipun kedah dipuntutupi, ampun diumbar-umbar. Tuladhaipun seumpami ing kluwarga saweg wonten masalah, ampun dipuncariyosaken dhumateng tiyang sanes.
12. Anjagakake endhoge siblorok
Tegesipun ampun nggadhahi pangajeng-ajeng ingkang ngayawara. Patrap remen njagakaken menapa kemawon ingkang dereng kalampahan (kasunyatan), mboten dipunsarujuki dening tiyang Jawi. Awit sinten ingkang gadhah pakulinan njagakaken kala wau mesthi kirang mersudi, kirang tumemen, lan ngenthengaken samubarang. Inggih menawi ingkang dipunjagakaken netes (kelakon), lha menawi boten? Siyosipun malah kapiran. Kemangka, sajroning ngarep-arep (nunggu) sampun kelangan wekdal, kelangan wragad, lan sapanunggalanipun. Tuladhanipun wonten masarakat Jawi menika taksih kathah tangga teparo ingkang remenipun ren kemeren, dadosipun mboten purun kesaing mliginipun babagan bandha. Kathah ingkang meksa kedah langkung saking sanesipun. Leresipun dados manungsa menika ampun ngayawara, narimo ing pandum kemawon.
13. Banyu pinerang
Pasulayan ing antaranipun sedulur, mesthi saged pulih malih.. Tuladhanipun manungsa menika taksih nggadhahi tepa selira, dados wonten pasulayan menapa kemawon kaliyan para sedherek, magkih bakal saged pulih malih kados sakderengipun.
14. Berbudi bawa leksana
Tegesipun nggadhahi watak menapa ingkang dipunngendikakaken supados dipuntindhakaken. Unen-unen menika dipuntuju kangge para pemimpin supados mboten mencla-mencle. Sedaya ingkang dipunngendikakaken ugi dipuntindhakaken kanthi nyata, mboten dipunowahi, mboten dipunkirangi.
Watak berbudi bawa leksana mujudaken watak ingkang becik. Awit pemimpin ingkang dipunngendikakaken ugi dipuntindhakakenang nggadhahi watak kados mekaten saged murugaken rakyatipun ayem. tentrem, lan marem. Tuladhanipun menawi wonten calon Lurah ingkang sampun ngandharaken kekajenganipun menawi benjang dados lurah. Mangkih menawi kasunyatan dados Lurah kedah dipuntindakaken sedaya ingkang sampun dipunandharaken.
15. Dudu berase ditempurake
Tegesipun ndherek pirembagan ananging nalika urun rembug boten gayut kaliyan menapa ingkang dados prakaranipun. Tuladhanipun menawi ndherek rapat anaging mboten nggatosaken menapa ingkang dipunandharaken, mangkih wonten pungkasan pirembagan piyambakipun boten saged ndherekaken pirembagan saklajengipun.
16. Guyon parikena
Guyon parikena nggadahi teges guyon kanthi tujuwan ngandharaken kritik ananging ingkang dipunkritik mboten rudatos manahipun. Tuladhanipun wonten ingkang ndamel cariyos Mukidi ing internet menika guyonan ananging wonten wosipun.
17. Kalah cacak menang cacak
Tegesipun kalah utawi menang, kasil utawi mboten kasil, bakal dipuncobi. Paribasan menika nggambaraken golong giligipun tekad nyobi ngayati pegaweyan ingkang dereng mangertos kasil menapa mboten. Patrap kados mekaten dipuntindakaken dening pawongan ingkang kepepet. Tuladhanipun tiyang ingkang pados pagaweyan, lajeng wonten ingkang nawisi, mbasi mboten mangertos pagaweyan kala wau, tetep bakal dipunsaguhi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar