Kamis, 28 Desember 2017

Tuladhanipun

Tuladha ingkang cetha saged dipuntingali ing masarakat amargi pasrawungan tanpa wates antawisipun tiyang jaler kaliyan estri inggih menika :
1. Pambucalan Bayi
Jaman sakmenika Para Mudha ingkang ndherek pasrawungan tanpa wates kathah ingkang ngandhut sakderengipun nikah. Wonten babagan menika, para mudha ingkang kelangan dhasaring agama dados mboten nggadahi rasa tanggungjawab lan milih ninggalaken utawi mbucal anak ingkang nembe dipunlairaken.
2. Pegatan
Kahah-kathahipun para mudha ingkang nikah langkung cepet, jalaran sampun ngandhut rumiyin. Amargi saking karibaden saha mental dereng siap, dados menapa kewamon saged ndadosaken pamambeng sabendinanipun. Babagan menika ingkang kedah dipungatosaken para tiyang sepuh supados putra-putrinipun saged sesrawungan ingkang sae ugi leres.
3. Kathah Lelaran
Kathah lelaran ingkang njalari seda, menika amargi seks bebas antawisipun tiyang jaler saha tiyang estri, mboten ningali mental utawi fisik. Lelara kasebat inggih menika AIDS. Lelara ingkang saged njalari seda lan dereng wonten tambanipun dumugi sakmenika.

Ingkang Njalari Pasrawungan Tanpa Wates

Ingkang njalari pasrawungan tanpa wates ing masarakat inggih menika :

1. Watak Mental  ingkang mboten sehat.
Watak mental ingkang mboten sehat ndadosaken kathah para muda ngraos bangga kaliyan pasrawungan ingkang sakjatosipun pasrawungan menika mboten sae, ananging kathah ingkang mboten paham amargi kirang pendhidhikan.

2. Kapribadhen dereng sae menika saged tuwuh amargi kluwarga utawi tiyang sepuh ingkang paring wewaton, nulak, ngudoaken, lan paring piwulang salah tanpa dipunsangoni dhasar iman, ingkang samangkih badhe ndamel putra ngraosaken tentrem wonten gesang ingkang dipuntindakaken  satemah saged ndadosaken sipat kirang sae, tuladhanipun pasrawungan tanpa wates.

3. Kuciwaning Ati.
Nalika para mudha kuciwa kaliyan tiyang sepuhipun ingkang otoriter utawi mboten maringi wates, sekolah ingkang badhe maringi wates menika, dhedhasar mboten gadhah wekdal kangge putranipun amargi nyambut damel lan langkung remen nitip putranipun dhateng tiyang sanes. Adicara televisi ingkang kirang nggatosaken gunanipun kangge pendhidhikan.
Dipunwuwuhi malih, wonten tabloid lan majalah ingkang  majang gambar mboten sae menawi dipuntingali lare. Lingkungan masarakat ingkang paring masalah wonten sosialisasi, satemah ndadosaken para mudha rekasa mbedakaken tumindak pundi ingkang kedahipun dipuntindakaken, mliginipun pasrawungan ingkang tanpa wates dipuntuwuhaken amargi kirang tentreming lingkungan gesangipun.

4. Mboten paham norma saha aturan.
Babagan menika saged tuwuh amargi sakmenika kapribaden budaya manca kadosipun sampun tuwuh ngrembaka.

Rabu, 27 Desember 2017

Pasrawungan Tanpa Wates

Miturut KBBI (Kamus Besar Bahasa Indonesia), pasrawungan inggih menika bergaul, komunikasi, silaturahmi, nongkrong, lan gojekan. Sanesipun, srawung nggadahi makna komunikasi utawi sesambungan kaliyan tiyang sanes ingkang dipunbangun saklebeting wekdal saha papan panggenan, tanpa mirsani kasta, golongan, lan derajat ekonomi. Menawi tanpa wates inggih menika mboten wonten batasipun, satemah saged pirembagan lan srawung tanpa mangertos norma saha aturan.

Saking makna kasebat saged dipunmangertosi bilih pasrawungan tanpa wates tegesipun sesambungan kaliyan tiyang sanes ananging mboten wonten batasipun kaodsta norma uatawi aturan ing masyarakat. Generasi mudha jaman sakmenika gampil sanget kebrongot manahipun saha langkung nengenaken kakiyatan ototipun tinimbang akal pikiranipun. Perkawis ing keluarga, kuciwaning ati, pangertosan ingkang sekedhik, saha kanca-kanca ingkang ngajak sesrawungan tanpa wates menika ndadosaken kirangipun potensi generasi mudha Indonesia wonten kemajengan bangsa.

Miturut Dr.Soares, Pasrawungan tanpa wates inggih menika salah satunggaling kabetahan gesang masarakat, amargi manungsa menika saben dintenipun mbetahaken tiyang sanes, lan gegayutan antawisipun manungsa saged dipunwujudaken saking pasrawungan (interpersonal relationship). Soares ugi ngandharaken pamanggihipun babagan pasrawungan ingkang ngrupikaken HAM saben tiyang lan menika kedah dipunbebasaken, satemah saben manungsa mboten pareng dipunwatesi pasrawunganipun.

Para ahli pendhidhikan sarembag bilih generasi mudha inggih menika sinten kemawon ingkang gadhah yuswa antawisipun 16 taun dumugi 24 taun. Sedaya saweg madosi cara gesang ingkang gathuk kangge awakipun piyambak lan kedadean menika asring dipuntindakaken langkung cobi-cobi mbasi kathah tumindak ingkang lepat. Kalepatan ingkang dipuntindakaken asring nuwuhaken rasa kuwatir sarta rasa ingkang mboten dipunkaremi lingkungan saha tiyang sepuhipun. Pangertosan pacaran ing jaman globalisasi informasi menika sampun beda kaliyan pangertosan pacaran ing jaman rumiyin. Menika njalari kathah para mudha ingkang mboten nersaken sekolah amargi ngandhut. Awit saking menika, kedahipun sedaya dipunparingi pangertosan babagan idealisme saha kasunyatan. Para mudha kedah dipuntuwuhaken andhap asor ngengingi kasunyatan ingkang dereng tamtu sami kaliyan pepinginan, ugi wonten babagan pacaran.

Miturut panaliten, ingkang ndadosaken Pasrawungan Tanpa Wates antawisipun 60 dumugi 80 persen para mudha nate numindakaken seks. Kathah-kathahipun seks menika dipuntindakaken wonten pondhokan utawi kos-kosan. Ananging panaliten nuduhaken kathahipun tumindak menika wonten kos-kosan, amargi bocah-bocah menika tebih saking tiyang sepuhipun.

Sakjatosipun kangge sesrawungan kedahipun wonten watesipun, ngengingi jaman sakmenika jaman ingkang sampun ngrembaka, kathah pasrawungan ingkang mboten jumbuh kaliyan budaya Jawa, kapribaden budaya manca kadosipun  tuwuh ngrembaka. Sedaya kedah saged mbedakaken pundi ingkang saged dipunpendhet ginanipun lan pundi ingkang kedah dipuntilaraken.

Selasa, 26 Desember 2017

Cara Matur Basa Jawa

Ungkapan /Cara Matur

1. Belasungkawa
Kala wau Simbahipun  Mbak Asi seda, ananging kula namung saged caos pandonga saking mriki lan caos belasungkawa kanthi cara SMS amargi griyanipun tebih lan kula taksih wonten Sekolah.
Kula : Inalillahiwainailaihi rajiun, ndherek bela sungkawa kangge sedanipun Simbah, mugi Allah tansah paring pangapunten sedaya kalepatanipun lan dipuntampi sedaya  amal kabecikanipun. Semanten ugi kluwarga ingkang dipuntilar tansah pinaringan kesabaran lan ketabahan. Aamiin.
Mbak Lina : Matur nuwun dhik awit pandonganipun.
Kula : Inggih mbak, sami-sami.

2. Besuk tiyang ingkang nandang sakit
Kala wingi kanca kula dhawah saking montor, lajeng kula kaliyan kanca-kanca dhateng wonten griyanipun, sedaya caos pandonga mugi-mugi enggal dhangan.
Kula : Mugo-mugo lek mari yo Al, sisuk meneh ngati-ati. Nek ngantuk mendhing leren sikek.
Aldi : Aamiin matur nuwun ya wis tekan kene, sisuk meneh tak ngati-ati.



3. Tanggap Warsa
Ndherek mangayubagya dinten lairipun Asi, 25 Desember 2017
Kula : Ndherek ngaturaken Sugeng Tanggap Warsa Kagem Asi, mugi tansah pinaringan kasarasan, panjang yuswa, saha kasembadan sedayanipun. Aamiin.
Asi : Aamiin. Matur nuwun Arum.

4. Ujung Bada
Rehne dinten menika dinten Riyaya Idul Fitri, kula badhe sungkem marang Pakdhe kaliyan Budhe.
Kula : Kepareng matur dhumateng Pakdhe kaliyan Budhe, sowan kula sepisan silaturahmi, kaping kalihipun ngaturaken sugeng riyadi, sedaya lepat kula nyuwun pangapunten, ingkang kula sengaja menapa mboten kula sengaja mugi saged dipunlebur wonten dinten riyadi menika. Aamiin.
Pakdhe : Iya ndhuk, tak ngapurani. Semono uga aku wong tuo yo okeh lupute. Mugo-mugo kabeh iso lebar lewar.

5. Sowan Dosen
Kula :  Nuwun sewu Bapak, menawi kepareng kula badhe nyuwun tapak asta
Dosen : Surat apa iki?
Kula : Menika serat ulem kangge malam puncak PAK Pak

6. SMS Dosen
Sugeng Enjing Ibu, Kula Arum Migi Rohana saking Kelas PBD B 2016. Menawi kepareng badhe nyuwun pirso, dinten menika Ibu lenggah wonten jurusan mboten Inggih? Menawi kepareng kula badhe sowan. Matur nuwun.


7. Nyuwun Tulung
Sakderengipun preen sekolah, Kiki dipunparingi PR kaliyan Bu Guru kangge damel cariyos Basa Jawa. Ananging Kiki dereng saged, dadosipun nyuwun pambiyantu mbakyunipun
Kiki : Mbak, saged mbiyantu kula nggarap PR mboten ?
Mbak Rahmah : PR apa Ki?
Kiki : PR damel cariyos ngangge Basa Jawa Mbak
Mbak Rahmah : Gawe pengalaman kok ora iso, lha teko nyritakke mau koe ngopo wae
Kiki : Inggih mbak, ananging kula dereng patio saged
Mbak Rahmah : Yo, mengko tak warai
Kiki : Matur nuwun Mbak

8. Mangayubagya Kelulusan
Ndherek mangayubagya anggenipun purna pawiyatan SMP Dhik Hani, mugi-mugi saged dipuntampi wonten Sekolah ingkang dipunkajengaken saha ngilmunipun saged mupangat. Aamiin.

9. Mangayubagya Manten
Ndherek mangayubagya awit palakramanipun Mas Rian saha Mbak Riski, mugi-mugi anggenipun bebrayan tansah pikantuk Ridhoning Gusti lan dipun paringi Putra/Putri ingkang Sholeh/Sholehah saged migunani tumraping agama, nusa, bangsa, lan bekti marang tiyang sepuh. Aamiin.

10. Nyuwun Pirsa Griya
Kula : Nuwun Sewu Mas, menawi kepareng badhe nyuwun pirsa menapa leres menika dalemipun Pak Dukuh ?
Mas : Inggih leres, magga-mangga mbak
Kula : Inggih mas matur nuwun



11. Atur-atur tasyakuran
Kula : Nyuwun pangapunten Pak Jambul, kepareng matur dhumateng panjenengan, sowan kula sepisan silaturahmi, kaping kalihipun rehne mangkih dalu wonten griyanipun Mbah Manto wonten Tasyakuran, Bapak katuran tindak dhateng griyanipun Mbah Manto bakda Isya. Mekaten ingkang badhe kula aturaken dhumateng Bapak.
Pak Jambul : Oooo yoo yoo Mas, mengko tak usahakke mangkat, mugo-mugo wedhusku mau rasido manak

12. Atur Nalika Badhe Ngrumiyini
Nyuwun Pangapunten Mbah, menawi kepareng kula badhe wangsul rumiyin.

13. Mangayubagya Gadhah Putra
Ndherek bingah awit putranipun sampun lair Mbak, mugi-mugi dados Putra ingkang Sholeh, saged migunani tumraping agama, nusa, bangsa, lan bekti marang tiyang sepuh. Aamiin.

14. Atur Nalika Liwat Sakngajengipun Tiyang Sepuh
Kula : Ndherek langkung Budhe
Budhe : Nggih mangga Dhik Arum

15. Nyuwun Idi mboten mlebet Kuliah
Sugeng enjing Ibu, Kula Arum Migi Rohana Kelas B 2016, Menawi kepareng kula badhe nyuwun idi mboten saged mlebet kuliah amargi saweg sakit. Matur nuwun.

16. Mangsulaken buku
Nuwun Sewu Mbah, menawi kepareng kula badhe ngunduraken buku kagunganipun Simbah.

17. Nyuwuwun ngampil buku
Nuwun sewu Mas, menawi kepareng kula badhe nyuwun ngampil buku filologi kangge presentasi dinten Kemis. Matur nuwun Mas saderengipun.

18. Ngandharaken Pesen
Nuwun Sewu Bapak, kula dipundhawuhi Pak Dirman supados matur kaliyan Bapak menawi Pak Dirman dinten Senin badhe tindak dhateng dalemipun Bapak.

19. Pambuka Presentasi
Assalamualaikum wr.wb, Sugeng siyang kanca-kanca, kula Arum Migi Rohana kaliyan Mbak Ega Novia Putri saking kelompok 1, wonten mriki badhe ngandharaken babagan Etika Jawi wonten ing Serat Wulang Reh.

20. Nyuwun Pirsa Nalika Presentasi
Nggih matur nuwun, kula Arum Migi Rohana NIM 45 badhe nyuwun pirso, kadospundi supados pasrawungan tanpa wates menika saged dipun tilaraken para mudha?.

Sabtu, 23 Desember 2017

Geguritan Bapak lan Ibu

Bapak lan Ibu
Dening : Arum Migi Rohana

Bapak lan Ibu...
Sing tak tresnani saben wektu
Pangestumu tansah tak antu-antu
Kanggo aku golek ngelmu
Wiwit Senin tekan Setu
Pangorbananmu..
Ora pedhot kairing wektu
Katresnanmu..
Ora ana watese kaya langit biru
Aku percaya yen sabendina pandongamu
Mung kanggo aku,
Anakmu

Tanpa Bapak lan Ibu
Bakal krasa abot anggonku mlaku
Mlaku metu nata uripku
Yen durung cukup anggonku mlaku
Aku bakal njajal mlayu
Mlayu nggayuh pangimpenku
Sabendina sing ana ing banyanganku
Eseme Bapak lan Ibu
Muga-muga esem iku
Salah siji saka rasa bungahmu
Yen wis kaya ngono kui, ndadekke lega atiku