Miturut KBBI (Kamus Besar Bahasa Indonesia), pasrawungan inggih menika bergaul, komunikasi, silaturahmi, nongkrong, lan gojekan. Sanesipun, srawung nggadahi makna komunikasi utawi sesambungan kaliyan tiyang sanes ingkang dipunbangun saklebeting wekdal saha papan panggenan, tanpa mirsani kasta, golongan, lan derajat ekonomi. Menawi tanpa wates inggih menika mboten wonten batasipun, satemah saged pirembagan lan srawung tanpa mangertos norma saha aturan.
Saking makna kasebat saged dipunmangertosi bilih pasrawungan tanpa wates tegesipun sesambungan kaliyan tiyang sanes ananging mboten wonten batasipun kaodsta norma uatawi aturan ing masyarakat. Generasi mudha jaman sakmenika gampil sanget kebrongot manahipun saha langkung nengenaken kakiyatan ototipun tinimbang akal pikiranipun. Perkawis ing keluarga, kuciwaning ati, pangertosan ingkang sekedhik, saha kanca-kanca ingkang ngajak sesrawungan tanpa wates menika ndadosaken kirangipun potensi generasi mudha Indonesia wonten kemajengan bangsa.
Miturut Dr.Soares, Pasrawungan tanpa wates inggih menika salah satunggaling kabetahan gesang masarakat, amargi manungsa menika saben dintenipun mbetahaken tiyang sanes, lan gegayutan antawisipun manungsa saged dipunwujudaken saking pasrawungan (interpersonal relationship). Soares ugi ngandharaken pamanggihipun babagan pasrawungan ingkang ngrupikaken HAM saben tiyang lan menika kedah dipunbebasaken, satemah saben manungsa mboten pareng dipunwatesi pasrawunganipun.
Para ahli pendhidhikan sarembag bilih generasi mudha inggih menika sinten kemawon ingkang gadhah yuswa antawisipun 16 taun dumugi 24 taun. Sedaya saweg madosi cara gesang ingkang gathuk kangge awakipun piyambak lan kedadean menika asring dipuntindakaken langkung cobi-cobi mbasi kathah tumindak ingkang lepat. Kalepatan ingkang dipuntindakaken asring nuwuhaken rasa kuwatir sarta rasa ingkang mboten dipunkaremi lingkungan saha tiyang sepuhipun. Pangertosan pacaran ing jaman globalisasi informasi menika sampun beda kaliyan pangertosan pacaran ing jaman rumiyin. Menika njalari kathah para mudha ingkang mboten nersaken sekolah amargi ngandhut. Awit saking menika, kedahipun sedaya dipunparingi pangertosan babagan idealisme saha kasunyatan. Para mudha kedah dipuntuwuhaken andhap asor ngengingi kasunyatan ingkang dereng tamtu sami kaliyan pepinginan, ugi wonten babagan pacaran.
Miturut panaliten, ingkang ndadosaken Pasrawungan Tanpa Wates antawisipun 60 dumugi 80 persen para mudha nate numindakaken seks. Kathah-kathahipun seks menika dipuntindakaken wonten pondhokan utawi kos-kosan. Ananging panaliten nuduhaken kathahipun tumindak menika wonten kos-kosan, amargi bocah-bocah menika tebih saking tiyang sepuhipun.
Sakjatosipun kangge sesrawungan kedahipun wonten watesipun, ngengingi jaman sakmenika jaman ingkang sampun ngrembaka, kathah pasrawungan ingkang mboten jumbuh kaliyan budaya Jawa, kapribaden budaya manca kadosipun tuwuh ngrembaka. Sedaya kedah saged mbedakaken pundi ingkang saged dipunpendhet ginanipun lan pundi ingkang kedah dipuntilaraken.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar