Selasa, 26 Desember 2017

Cara Matur Basa Jawa

Ungkapan /Cara Matur

1. Belasungkawa
Kala wau Simbahipun  Mbak Asi seda, ananging kula namung saged caos pandonga saking mriki lan caos belasungkawa kanthi cara SMS amargi griyanipun tebih lan kula taksih wonten Sekolah.
Kula : Inalillahiwainailaihi rajiun, ndherek bela sungkawa kangge sedanipun Simbah, mugi Allah tansah paring pangapunten sedaya kalepatanipun lan dipuntampi sedaya  amal kabecikanipun. Semanten ugi kluwarga ingkang dipuntilar tansah pinaringan kesabaran lan ketabahan. Aamiin.
Mbak Lina : Matur nuwun dhik awit pandonganipun.
Kula : Inggih mbak, sami-sami.

2. Besuk tiyang ingkang nandang sakit
Kala wingi kanca kula dhawah saking montor, lajeng kula kaliyan kanca-kanca dhateng wonten griyanipun, sedaya caos pandonga mugi-mugi enggal dhangan.
Kula : Mugo-mugo lek mari yo Al, sisuk meneh ngati-ati. Nek ngantuk mendhing leren sikek.
Aldi : Aamiin matur nuwun ya wis tekan kene, sisuk meneh tak ngati-ati.



3. Tanggap Warsa
Ndherek mangayubagya dinten lairipun Asi, 25 Desember 2017
Kula : Ndherek ngaturaken Sugeng Tanggap Warsa Kagem Asi, mugi tansah pinaringan kasarasan, panjang yuswa, saha kasembadan sedayanipun. Aamiin.
Asi : Aamiin. Matur nuwun Arum.

4. Ujung Bada
Rehne dinten menika dinten Riyaya Idul Fitri, kula badhe sungkem marang Pakdhe kaliyan Budhe.
Kula : Kepareng matur dhumateng Pakdhe kaliyan Budhe, sowan kula sepisan silaturahmi, kaping kalihipun ngaturaken sugeng riyadi, sedaya lepat kula nyuwun pangapunten, ingkang kula sengaja menapa mboten kula sengaja mugi saged dipunlebur wonten dinten riyadi menika. Aamiin.
Pakdhe : Iya ndhuk, tak ngapurani. Semono uga aku wong tuo yo okeh lupute. Mugo-mugo kabeh iso lebar lewar.

5. Sowan Dosen
Kula :  Nuwun sewu Bapak, menawi kepareng kula badhe nyuwun tapak asta
Dosen : Surat apa iki?
Kula : Menika serat ulem kangge malam puncak PAK Pak

6. SMS Dosen
Sugeng Enjing Ibu, Kula Arum Migi Rohana saking Kelas PBD B 2016. Menawi kepareng badhe nyuwun pirso, dinten menika Ibu lenggah wonten jurusan mboten Inggih? Menawi kepareng kula badhe sowan. Matur nuwun.


7. Nyuwun Tulung
Sakderengipun preen sekolah, Kiki dipunparingi PR kaliyan Bu Guru kangge damel cariyos Basa Jawa. Ananging Kiki dereng saged, dadosipun nyuwun pambiyantu mbakyunipun
Kiki : Mbak, saged mbiyantu kula nggarap PR mboten ?
Mbak Rahmah : PR apa Ki?
Kiki : PR damel cariyos ngangge Basa Jawa Mbak
Mbak Rahmah : Gawe pengalaman kok ora iso, lha teko nyritakke mau koe ngopo wae
Kiki : Inggih mbak, ananging kula dereng patio saged
Mbak Rahmah : Yo, mengko tak warai
Kiki : Matur nuwun Mbak

8. Mangayubagya Kelulusan
Ndherek mangayubagya anggenipun purna pawiyatan SMP Dhik Hani, mugi-mugi saged dipuntampi wonten Sekolah ingkang dipunkajengaken saha ngilmunipun saged mupangat. Aamiin.

9. Mangayubagya Manten
Ndherek mangayubagya awit palakramanipun Mas Rian saha Mbak Riski, mugi-mugi anggenipun bebrayan tansah pikantuk Ridhoning Gusti lan dipun paringi Putra/Putri ingkang Sholeh/Sholehah saged migunani tumraping agama, nusa, bangsa, lan bekti marang tiyang sepuh. Aamiin.

10. Nyuwun Pirsa Griya
Kula : Nuwun Sewu Mas, menawi kepareng badhe nyuwun pirsa menapa leres menika dalemipun Pak Dukuh ?
Mas : Inggih leres, magga-mangga mbak
Kula : Inggih mas matur nuwun



11. Atur-atur tasyakuran
Kula : Nyuwun pangapunten Pak Jambul, kepareng matur dhumateng panjenengan, sowan kula sepisan silaturahmi, kaping kalihipun rehne mangkih dalu wonten griyanipun Mbah Manto wonten Tasyakuran, Bapak katuran tindak dhateng griyanipun Mbah Manto bakda Isya. Mekaten ingkang badhe kula aturaken dhumateng Bapak.
Pak Jambul : Oooo yoo yoo Mas, mengko tak usahakke mangkat, mugo-mugo wedhusku mau rasido manak

12. Atur Nalika Badhe Ngrumiyini
Nyuwun Pangapunten Mbah, menawi kepareng kula badhe wangsul rumiyin.

13. Mangayubagya Gadhah Putra
Ndherek bingah awit putranipun sampun lair Mbak, mugi-mugi dados Putra ingkang Sholeh, saged migunani tumraping agama, nusa, bangsa, lan bekti marang tiyang sepuh. Aamiin.

14. Atur Nalika Liwat Sakngajengipun Tiyang Sepuh
Kula : Ndherek langkung Budhe
Budhe : Nggih mangga Dhik Arum

15. Nyuwun Idi mboten mlebet Kuliah
Sugeng enjing Ibu, Kula Arum Migi Rohana Kelas B 2016, Menawi kepareng kula badhe nyuwun idi mboten saged mlebet kuliah amargi saweg sakit. Matur nuwun.

16. Mangsulaken buku
Nuwun Sewu Mbah, menawi kepareng kula badhe ngunduraken buku kagunganipun Simbah.

17. Nyuwuwun ngampil buku
Nuwun sewu Mas, menawi kepareng kula badhe nyuwun ngampil buku filologi kangge presentasi dinten Kemis. Matur nuwun Mas saderengipun.

18. Ngandharaken Pesen
Nuwun Sewu Bapak, kula dipundhawuhi Pak Dirman supados matur kaliyan Bapak menawi Pak Dirman dinten Senin badhe tindak dhateng dalemipun Bapak.

19. Pambuka Presentasi
Assalamualaikum wr.wb, Sugeng siyang kanca-kanca, kula Arum Migi Rohana kaliyan Mbak Ega Novia Putri saking kelompok 1, wonten mriki badhe ngandharaken babagan Etika Jawi wonten ing Serat Wulang Reh.

20. Nyuwun Pirsa Nalika Presentasi
Nggih matur nuwun, kula Arum Migi Rohana NIM 45 badhe nyuwun pirso, kadospundi supados pasrawungan tanpa wates menika saged dipun tilaraken para mudha?.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar